Senin, 14 Juni 2010

Kancil nunggu sulinge Nabi Sulaiman

Kocap kacarita, Kancil mlayu sakemenge awit dioyak dening Macan sing sajake pancen wus keluwen. Playune rindhik asu digitik.
Paribasan padha karo playune angin. Nanging dhasare sing dimungsuh Macan, arepa mlayu sakpole ya tetep wae ora bisa ilang saka pandelenge ratuning kewan alas kuwi. Sansaya suwe sansaya cedhak. Siunge macan dawa-dawa tur lancip, ketok mlaha amarga cangkeme mangap sedya gage nyaplok awake Kancil sing pancen lemu gilig.
Ambegane Kancil wus megap-megap. Sikile wus sengleh. Macan sing ngoyak ing mburine sajake mangerteni kekuatane mangsane. Mula playune banjur dirindhikake, saya suwe saya alon banjur pungkasane mlaku biyasa.
Mak keclap! Kancil mara-mara wus ora ketok ing pandeleng. Macan sing mlaku lelambeyan sanalika gragapan. E, kojur tenan yen nganti ora kecekel, wetenge wus kluruk, ambegane ya wis krenggosan kanggo ngoyak kewan cilik kuwi, banjur saiki ora ketok buntute. Yen mlayu mesthine durung adoh, saadoh-adohe Kancil mlayu ora bakal luput saka panjangkane.
Macan wus sumadhiya mancal gas maneh sedya ngoyak, nanging kedhisikan landhepe irung sing ngandhaake menawa Kancil isih neng kono. ”Woooo, arep ngapusi aku, pa, Cil! Ora bisa! Ora bakal bisa kowe ngapusi aku!” ngono kandhane Macan sinambi clingak-clinguk nggoleki dununge Kancil.
”Cil...., Kancil...... ! Ora usah ndhelik! Ndhelika neng njero rong ya tetep bisa dak temokake!”
”Njedhula, Cil, yen ora kepengin matimu rekasa! Yen kowe njedhul dhewe mengko kepenak patimu! Ning, nek nganti dak temokake kowe ing kahanan ndhelik, wooo... klakon dak sia-sia dhisik, dak potheng-potheng dhisik sadurunge dak pateni. Mula Cil, kowe kari milih, milih mati sing kepenak, utawa mati sing rekasa....!”
Kancil ora cemuwit babar pisan. Nanging Macan yakin, irunge manteb nduduhake panggonane wis cedhak karo mangsane.
”Ayo, Cil, ora usah gojeg! Aku wus ngerti papanmu! Aja nganti aku marani rono yen kepengin patimu ora rekasa. Cil....!”
”Ssstttt! Aja rame-rame! Aku neng kene! Neng ngisor papringan sisih kiwamu!” rada kaget campur isin Macan keprungu suarane Kancil. Nyata pancen cedhak banget karo dheweke.
Macan banjur milang-milingi papringan ing sisih kiwane. Lan bener wae, Kancil pancen ana ing sangisore pring-pring sing ngrembuyung.
”Ha...ha....ha. ... ! Kancil, Kancil, ngapa kowe ndadak ndhelik ana ing kana? Ora ana paedahe! Pungkasan uripmu ya tumancep ing siungku iki! Ha...ha..ha. ...!” ujare Macan karo lakak-lakak.
”Lho, ndhelik piye?! Aku iki ora ndhelik ya, Can! Rene nyedhaka, dak kandhani!”
”Ora ndhelik? Lha ngapa kowe teka mlayu klepat ngerti tekaku mau? Ngapa kowe mlayu nganti dak oyak tekan kene yen kowe pancen ora wedi dak pangan?!
”Oalah Can, Macan. He, tak kandhani ya, aku iki mau mlayu amarga aku kelingan nduwe kewajiban sing jebul dak lirwaake nganti awan iki. Ya, neng papan iki!”
”Kewajiban apa? Aja reka-reka kowe, Cil! Aku ora gampang koapusi! Rasah kakehan omong, gage reneya dakpangan!”
”Wooo..., dikandhani kok ora percaya! Coba rungakna...!”
Kancil banjur meneng. Mripate dieremake. Dijak caturan dening Macan ora semaur, malah nemplekake drijine ing sadhuwure lambene, menehi pratandha Macan supaya melu meneng. Macan isih bingung nuli milang-miling, kupinge dibukak amba, selak kepengin ngerti apa sing lagi ditindakake Kancil.
”Sssiuuuuuut. ..!” keprungu swara kaya suling bareng karo tekane angin sing sumiyut.
”Apa kuwi, Cil?” pitakone Macan gumun.
”Lha, ya iki, Can! Aku iki entuk tugas dikongkon nunggu sulinge Nabi Sulaiman! Kowe rak wus krungu dhewe, kepriye unine?! Kepenak ora?”
”Wah, ketoke ya apik! Ning coba, Cil, unekna maneh sulinge!”
”Ya, yen mengkana menenga dhisik! Penakna awakmu, leyeh-leyeh dhisik. Leyeh-leyeh sinambi ngrungoake sulinge Nabi Sulaiman. Aku sing ngunekake, ora apa-apa, pisan-pisan nyenengake kanca!”
”Ha-a, Cil! Coba unekna maneh aku dak leyeh-leyeh ing kene,” ujare Macan karo ndlosor.
”Siyuuuuut!” swara suling keprungu maneh. Pancen penak dirungokake kuping. Apamaneh awan-awan, neng ngisor papringan, adhem lan silir, walah, terus gawe ngantuk!
Bareng wus kepenak, Macan kaya dilalekake bab mangsa Kancil sing durung kaleksanan. Pangrasane banget tentrem kalipur swara suling lan sumilire angin.
”Piye, Can?! Kepenak ta?”
”Iya, Cil! Pancen penak tenan!”
”Ning anu, Can, aku iki kudu lunga maneh. Nekani bancakan neng desa pinggir alas kana. Menawa aku titip kowe saperlu nunggokake sulinge Nabi Sulaiman iki, kepriye, gelem ora?”
”Piye?”
”Tulung ya, Can! Gur sedhela, kok! Mengko aku bali maneh karo gawa ulih-ulihe bancaan, enak, Can! Daging sapi seger!”
”Tenanan, Pa?”
”Tenan, Can! Mosok iya aku ngapusi? Kowe kuwi rak kadangku tuwa!”
”Ning aku diajari ngunekake sulinge dhisik, Cil!” akone Macan. ”Dadi aku ya kepenak, karo nunggu tekamu sinambi ngrungokake suling sing swarane kepenak kuwi!”
”Gampang...! Gampang banget, Can! Reneya dak warahi carane. Ilatmu tokna banjur selehna ing sak tengahe pring-pring iki, eling lho, Can, kudu ing satengahe pring-pring iki, tunggunen nganti ana angin. Lha, mengko mesthi muni!”
”Gur meletake ilat njur mengko muni dhewe, Cil?! Tenanan kuwi?”
”Dikandhani ora percaya...”
”Ya, ya. Aku percaya, Cil. Kene dakcobane.”
”Kosik, aja kesusu! Aku dak mlaku ngadoh sik! Ya, kira-kira sepuluh meteran, nganti tekan tikungan kuwi lho, Can! Soale ngene, sulinge Nabi Sulaiman kuwi nek isih ngerti klebatku ing kene ora bakal gelem muni yen sing ngunekake dudu aku!”
”O...ngono! Amarga dheweke ngerti yen sing diutus njaga kuwi kowe ya, cil?!”
”Iya! Piye? Sida arep ngunekake sulinge Nabi Sulaiman?”
”Ya sida no! Kana gage mlakua, aku wus ora sabar kepengin nyoba sulinge!”
Kancil ngangkat jempolane, semono uga Macan.
Lakune Kancil wus rada adoh, wus ora ketok ing pandelenge Macan. Mula Macan banjur meletake ilat lan dipapanake ing satengahe pring-pring ing papringan kuwi. Atine ndonga muga-muga ndang ana angin tumiyup supaya sulinge bisa muni. Muga-muga angine rada banter lan suwe supaya unine suling sansaya apik.
Temenan. Ora let suwe angine tumiyub, rada banter sisan, jebles karo pandongane Macan.
”Criyeet Syiuuuuuuuut!”
”Wuadhuhhhhhh, Biyung...... , tulung...... ! Macan mbengok ora ketulungan. Ilate kejot-kejot kecepit pring. Larane setengah mati. Batine misuh-misuh amarga rumangsa kapusan.
”Wo..., kurang ajar kowe, Cil! Teka wani kowe ngapusi aku! Klakon dakuncit neng ngendi playumu! Awas kowe, Cil...!”
Nanging, Kancil wus ora ketok babar pisan. Gandane ya ora krasa, nandakake menawa playune pancen wus adoh tenan.

Selasa, 08 Juni 2010

Hard Reset Nokia 5800

Kodok_legi kali ini ingin berbagi pengalaman dengan nokia 5800.
Kodok legi punya hp dengan merk nokia dan type 5800. HP yang fitur-fiturnya merupakan impian dari kodok_legi. Ada touch screen, music, wifi, internet, GPS dan semacamnya. Namun kemarin tiba-tiba saja, tanpa ada pemberitahuan, si Nokia ini tidak dapat mengirim sms, selalu saja tidak terkirim dan dikirim ulang terus menerus.
Khawatir akan kesehatan dari si Nokia, maka kodok_legi mencoba untuk soft reset, yaitu mengembalikan ke setingan pabrik, hal ini bisa dilakukan dengan masuk ke menu di 5800. tapi ternyata tidak berhasil juga.
Maka akhirnya kodok_legi melakukan hard reset. Yang harus di lakukan untuk hard reset adalah tekan tombol CALL (TOMBOL HIJAU) dan tombol END (TOMBOL MERAH) dan tombol KAMERA serta tombol POWER secara bersama sama sampai 5800 mati dan menyala lagi dan muncul option pilihan negara.
Hard reset sangat berguna untuk memperbaiki kerusakan software dari nokia ini. Dan apabila tidak berhasil, disarankan bawa saja ke nokia center.
Salam.